Contoh Pambagyaharja


Pambagyaharja Ketua Pemuda dalam Rapat 

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatu
Mugi sih wilasa saha barakah dalem Gusti Allah SWT tansah karentahna dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula ing wekdal punika dumugi sak lami-laminipun.
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten;
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;
Para bapak Cahyo saha para ibu Eti ingkang minulya;
Boten kesupen dhumateng kadang wredha tuwin mudha, nun inggih pengurus saha anggota OPDB, ingkang tansah kaantu-antu kiprah saha bektosipun kinarya labet negari minangka jejering taruna. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT dzat ingkang akarya jagad, ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.
Para Bapak, para ibu saha para rawuh ingkang minulya. Keparenga kula nyadhong deduka, nyuwun lumunturing sih samodra pangksami dene kula cumanthaka nggempil kamardikan nyigeg pangandikan panjenengan sedaya, inggih sadremi minangkani menapa ingkang dados panuwun saking kadang pranata adicara ing wekdal punika. Salajengipun keparenga kula nyuwun idi palilah panjenengan sedaya, kinarya matur minangka wot lumarabing atur saking para kadang kula pengurus sumrambah sedaya anggota OPBD
Atur ingkang angka sepisan.
Senajan kepara kasep, keparenga awit naminging pengurus ngambali atur sugeng rawuh dhumateng para bapak, para ibu saha para sedherak sedaya, saha ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kepareng rawuh minangkani atur panyuwun saking pengurus lumantar serat undangan.
Sak lajengipun awit namining pengurus nyuwun pangapunten mbok bilih anggenipun ananggapi saha angacarani rawuh panjenengan sedaya kirang mranani ing penggalih.
Boten kesupen awit namining pengurus ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng kulawarga Bapa/Ibu …..(tuan rumah), ingkang sampun kepareng maringaken papan saha anyamektaaken samukawis, ingkang sedaya menika saget ndadosaken lancaripun pepanggihan ing wekdal punika.
Atur ingkang angka kalih,
Menggah wigatosing pepanggihan ing wekdal punika, inggih kados ingkang sampun kaserat wonten ing serat undangan ingkang sampun kaaturaken. Bilih kula sak rencang ing wekdal kepengker sampun sarembag gadhah pepenginan wontenipun satunggaling pakaryan, inggih menika badhe mujudaken pirantos pengolah sampah, saha pakaryan ingkang arupi pemanfaatan sampah ingkang kaangkah badhe karacik dados barang kerajinan. Wondene ngegingi beya kangge mujudaken pepenginan menika saha lumampahipun pakaryan ing samangke, kula sarencang sampun sarembag badhe nyuwun bantuan pehak sanes ingkang ing titiwanci menika ugi sampun kepareng rawuh lan sampun lenggah ing madyaning pepanggihan menika. Mila saking menika, ing wekdal musyawarah menika mangke, kasuwun dhumateng para bapak, para ibu tokoh masyarakat kepareng paring pamanggih, iguh pratikel lan pangandikan sanesipun ngengingi angen-angen kula sak rencang. Sak dereng lan sak sampunipun dipun aturaken agunging panuwun.
Para rawuh ingkang tansah kula hormati.
Sak lajengipun keparenga ugi awit namining pengurus saha anggota, kula tansah nyuwun bimbingan dhumateng para sesepuh lan tokoh masyarakat langkung-langkung para bapak tuwin ibu minangka suhing warga ing kukuban mriki. Kula sak rencang tansah ngantu-antu paringipun panyaruwe saking panjenengan sedaya, jer sedaya menika kangge kemajengan kula sak rencang. Ing pangajab, kanthi wontenipun bimbingan, pitedah saha panyaruwe menika saget minangka sangu kengge majengipun organisasi ingkang tundhonipun saget manfaat dhumateng masyarakat.
Para bapak, para ibu saha para sedherek ingkang kinurmatan. Mekaten menggah atur kula minangka wot lumarabing atur saking sedaya pengurus. Kula klenggana bilih sak dangunipun kula matur, kathah atur saha tindak-tanduk kula ingkang kirang nuju prana, inggih sedaya awit kiranging seserepan kula ing babagan tata basa tuwin tata krami. Ingkang menika mugi para rawuh paring pangapunten.
Wusana, cekap semanten. Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wa barakaatuh.

0 komentar:

Posting Komentar