Cerkak Amarga Pesisir Karang Bolong Aku Tresna Sliramu


Nur lagi enak-enake nyruput es teh ing teras ujug-ujug saka burine ana tangan alus uga wangi nutupi mripate wong lanang bagus iku.
“Haya sapa jal…?” celathune Ani.
“Apa ta An?” saurane Nur tanpa mikir suwi.
“Lho kok ngerti ta nek iki aku?”
“Elho nek aku ki wis apal karo ambumu, jarak 100 meter wae aku wis bisa ngrasakake ambumu sing kaya wedus kuwi” celathune Nur sakgeleme.
“Wooalah…dasar cah gemblung”
“hahahaha…” Nur ngakak .
Mengkono mau yen Nur karo Ani ketemu wis kaya kucing karo tikus wae. Bocah loro mau pancen wis akrab banget awit Kunjungan Rohani ing Kebumen dianakake. Kekarone padha njupuk jurusan IPA ana ing Smansa.
“An aku bali ngomah dhisik ya, meh melu porak?”
“Ah ora, aku bar iki isih ana gawean.”
“Tenan ki ora melu, mengko gelo lho,” Nur sajak mbeda Ani.
“Gelo jawa, wis mrana lunga ah nyumpek-nyumpeki wae nangkene.”
“Ya wis aku ndisik ya,” celathune Nur karo njangkah metu saka kantin.
***
Tekan ana ngomah Nur langsung golek kertas lan potlot gawe lagu. Senadyan ing jurusane dheweke ora ana pelajaran seni musik nanging yen dikon gawe lagu pancen pinter banget. Nganti kanca-kancane ngomong yen Nur kuwi bocahe nyeni bangeti. Nanging saben gawe lagu yen inspirasine saka Ani kok angel banget. Ora bisa langsung dadi kaya nek gawe lagu liya-liyane.
Mula iku saben mentas ketemu Ani dheweke langsung ngrampungake anggone gawe lagu lan ngeling-eling raine bocah wadon ireng manis iku. Yen awangane marang raine Ani wis lamat-lamat ora cetha dheweke nglereni anggone gawe lagu. Mengko yen wis ketemu Ani maneh lagi dibajutake.
“Wiuh edan tenan lagumu Nur, kaya lagune komposer professional wae,” aleme Angga kanca sak kelase Nur kang lagi dolan ana omahe Nur.
“Ah biasa wae ngono kok.”
“Lha sing kuwi inspirasine sapa ta Nur, kok le apik temen lagune,” pitakone Angga karo ngrungokake lagu sing durung diwenehi judul kuwi.
“Oh kuwi inspirasine saka Ani, aku kok bingung ya Ngga arep diwenehi judul apa kok angel banget,” saurane Nur.
“Wah mesthi wong spesial ki, nganti arep menehi judul we bingung,” Angga mbeda Nur karo cekikikan.
***
Sore iku Nur lagi ketemu karo Ani, kaya biasane dheweke langsung njagong ana ing panggonan sing biasa gawe lagu. Nerusake lagu sing durung rampung-rampung iku. “Wah akhire aku bisa ngampungke lagu iki lan menehi judule,” ucape Nur saka jero atine. Sawise telung sasi nggawe lagu iku akhire bisa rampung.
Tanggal sewelas Maret kang diarep-arep Nur wis tekan. Dheweke ngenteni Ani sing lagi latihan badminton. Sawise rampung latihan Ani weruh Nur sing lagi jagongan ana ing ngarepan.
“Heh ngapa kok durung bali Nur kan kowe wis ora ana gawean ta? Ngenteni aku ya?” Ani sajak ngajak guyon.
“Iya aku ngenteni kowe An.”
“Ana apa kok kadingaren temen gelem ngenteni aku?”
“Ayo tak jak maring kantik sedhela wae.”
“Kok mung sedhela wong suwi ya ora apa-apa,” Ani langsung nggandeng tangan kanca akrabe iku.
Wong loro iku mau banjur mlaku bareng maring kantin. Sawise tekan Nur langsung nyayike lagu kang wis disiap ake. Ani kaget banget nalika iku, ora nyana yen kancane iku gawekake lagu kanggo dheweke.
“Lagune kok apik Nur? Kowe gawe dhewe apa?”
“Iya An!” saute Nur karo semu isin.
“Wuih….iki inspirasine sapa Nur? kok bisa apik banget ngene ta?”
“Ya sing jelas wong wadon ta An. Jenenge wong tresna ki apa wae bisa dadi apik.”
“Lha wong wadon e iku sapa Nur?”
“Wah nek iku rahasia… hhahha” saurane Nur karo ngakak.
“Wah-wah bedek-bedekan ki critane.”
***
Lebar kedadean iku Ani mikir-mikir, sapa ta sing dadi inspirasine Nur? Sakjrone seminggu sms-an karo Nur , Ani ngrasa ayem.
“Lha ana apa ta karo aku iki,kok dadi mikir ke Nur terus?” Mangkana kang dadi pitakone Ani.
Nalika Ani lagi bukak laptop-e, dheweke banjur weruh foto kang wingi diwenehi Nur nalika ing Pesisir Karang Bolong. Ani mung mesam-mesem weruh foto sing diwenehi karo Nur.
Ani banjur mbatin “apa ya aku sing dadi inspirasine?”
***
“Nur …”
“Ana apa ta An?” saurane Nur.
“Aku oleh takon ora Nur?”
“Lha ana apa to An, kok kadingaren banget?”
“Sing dadi inspirasimu iku aku apa udu?” pitakone Ani karo isin-isin.
“Lha iya apa udu? Kok malah takon aku?” Nur karo mesam-mesem.
“Elho,kok malah genti takon ta Nur?”
“Lha menurutmu sapa?”
“Lha embuh Nur, aku ora ngerti.”
“An,aku tak blaka wae marang kowe. Inspirasiku iku pancen sliramu, amarga kedadean ing Pesisir Karang Bolong kae aku tresna sliramu.”
Ani mung mesem-mesem weruh Nur sing ngungkapake rasa tresnane terang-terangan. Dheweke mung menehi jawaban manthuk marang Nur amarga wektu iku wis sore banget.
***
Jam wolu seprapat hpne Ani muni, jebul ana sms saka Nur.
An, aku tresna marang kowe.
Matur nuwun ya kowe wis nampa aku apa anane.
Kang Masmu Nur.
Banjur Ani maca sms kuwi atine seneng banget.
“Oalah amarga Pesisir Karang Bolong aku tresna sliramu mas.”

0 komentar:

Posting Komentar